Radio Cagar Budaya

...Selamat datang di blog 'Radio Nusantara' ~...

Kamis, 03 Februari 2011

Banjaran Bisma

Nalika Prabu Pratipa Raja negari Astina Ramane Prabu Sentanu lagi sekung anggone semedi ana ing sapinggiring kali Gangga,
katekanan wanita kang sulistya ing warna yaiku dewi Gangga.
dewi Gangga kalebu salah sawijining hapsari utawa widodari kang mudun saka kahyangan merga lagi nampa paukuman saka betara guru.
Dewi Gangga nyuwun supaya Prabu Pratipa gelem mundut garwa.
nanging Prabu Pratipa ora anyaguhi lan ora iso ngleksanani panyuwune Dewi Gangga,malah Prabu Pratipa janji mbesuk Dewi Gangga bakal di pundut putra mantu.

dina ganti sasi,sasi ganti tahun,Prabu Pratipa lengser keprabon,Raden Sentanu genteni kalungguhane ramane dadi ratu Astina kanti jejuluk/asma Prabu Sentanu.
ing sawijining dina Prabu Sentanu mlaku mlaku ana pinggiring kali Gangga.
nyumurupi wanita ayu sing ora liya yaiku Dewi Gangga.
Prabu Sentanu rumangsa sengsem lan kepranan awit endah sulistyaning warna,Dewi Gangga banjur kapundut garwa prameswari.
wis sawetara suwe anggone Prabu Sentanu lan Dewi Gangga sambut asilaning akrami,nanging katone durung atut.katitik Dewi Gangga durung gelem ngladeni Prabu Sentanu koyo dene kridaning wong jejodohan.sing kaya mengkana mau dadekake cuwa penggalihe Prabu sentanu.Dewi Gangga gelem leladi nanging nganggo syarat lan sarana,mbesuk menawa kagungan putra bakal di larung ana kali Gangga,Prabu sentanu saguh netepi kabeh syarat sing dadi panyuwune Dewi Gangga.



kacarita,Dewi Gangga garbini,tekan titiwancine lahir jabang bayi kang bagus rupane,banjur kalarung ana ing bengawan Gangga.wis makaping kaping Dewi Gangga nglarung jabang bayi kang di lahirake nganti lahir putra kang angka 9.Prabu Sentanu ora tega nyawang jabang bayi kang arep di larung,banjur menggak karepe Dewi Gangga nganti kedadean catur yuda.dewi Gangga bali menyang kahyangan,jabang bayi mau dening Prabu Sentanu kaparingan asma Raden Dewabrata.


Rikala Dewi Durgandini duwe panyuwun gelem di pundut garwa Prabu Sentanu, nanging Putra patutan karo Dewi Durgandini bakale sing ngganteni kalungguhane Prabu Sentanu dadi ratu ana ing negara Astina.kanti lila legawa Raden Dewabrata sumpah wadat/ora krama selawase,supaya keng rama iso nggarwa Dewi Durgandini lan ora dadekake daredah ing tembe mburine.
Raden Dewabrata tuhu satria kang bekti marang wong tuwa.

Banjaran Bisma,di ceritaake kanti crita kang runtut lan nyengsemake dening Ki Nartosabdho(KNS).diwiwiti saka Raden Dewabrata lahir nganti Resi Bisma gugur ana ing madyaning perang Baratayuda Jaya Binangun.

Download mp3 Banjaran Bisma

Tidak ada komentar:

Posting Komentar