Radio Cagar Budaya

...Selamat datang di blog 'Radio Nusantara' ~...

Kamis, 31 Maret 2011

Wirata Parwa



Wirataparwa utawi langkung leres Wirathaparwa (Sansekreta: Viraṭaparva) nyariyoskaen kisah para Pandhawa nalika kedhah ndelik laminipun satunggal taun sasampunipun dipunbucal rolas taun ing wana utawi alas. Cariyos pambucalan punika wonten ing Wanaparwa.




Nihan ta para Pandhawa ndhelik ing praja Wirata. Anging menawi dipunkonangi, kedhah dipunbucal rolas taun malih. Wonten mriku sang Yudisthira nyamar mindha dados tiyang brahmana anami Kangka. Sang Wrekodara mindha dados satunggiling juru masak kaliyan juru gulat anami Balawa. Lajeng sang Arjuna mindha dados tiyang wandhu ingkang ngajar tari saha nyanyi. Sang Nakula dados laré angon kapal (jaran) kaliyan sang Sadewa dados laré angon lembu. Lajeng Dèwi Dropadi dados juru rias ing kedhaton anami Sairindi.


Ndan sang patih Wiratha, sang Kicaka kasmaran kasengseng ing Sairindi, piyambakipun kersa ngepèk dados sèmahipun. Anging dipuntampik, tetep meksa. Mila sang Balawa mejahi piyambakipun. Prakawis punika mèh kémawon mbongkar samaranipun sedaya.


Lajeng praja Wiratha dipunbedhah déning para musuh Pandhawa, inggih punika para Korawa saking Ngastina. Para Pandhawa lajeng perang sami nglawan, mbéla Wiratha. Sasampunipun perang bibar, sedaya sami konangan kedhokipun. Anging amargi sampun ndelik satunggal taun dados mboten punapa-punapa.


di ceritakan oleh Ki Nartosabdho SELAMAT MENIKMATI

Password mp3 wayang kulit Ki Nartosabdho bisa anda dapatkan DISINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar